Apel Pagi Pengetan Ambal Warsa Kaping 268 Kitha Ngayogyokarto

Tanggal 7 (pitu) Oktober warsa 1756 (sewu pitung atus seket enem) minangka dinten ingkang nggadhahi utawi ngandhut biji sujarah ingkang inggil. Wonten dinten punika, Pangeran Mangkubumi ingkang ing salajengipun mawi wewangi Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal), tindak boyongan saking pasanggrahan Ambarketawang tumuju dhateng Pasanggrahan Garjitowati, papan ingkang ing riku minangka panggenan madegipun Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Salajengipun ing tanggal 7 Oktober dipun tetepaken minangka dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta


Irah-irahan Pengetan Ambal Warsa Kaping 268 Kitha Yogyakarta ing wanci punika

“Rikat, Rakit, Raket”. Satunggaling irah-irahan ingkang ngewrat suraos ingkang lebet :

  • Rikat, ateges yen budaya ingkang lumampahing warga masyarakat Kota Yogyakarta tansah ewah gumingsir sarta Makarya kanthi cekat ceket tanpa sangga runggi ;
  • Rakit, dipun maknani anggenipun obah Ian owah katindakaken kanthi mad-sinamadan, pindha nipun ingkang mendhak kaurug, ingkang mendhukul dipun rata ; Ian
  • Raket, utawi sedaya katindakaken sesarengan, daya dinayan, sedaya jumurung murih harjaning praja.